Sambutan Perpisahan Siswa dari Kepala Sekolah Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum wr.wb

Putra-putriku kelas ...sing tek tresnani.
Anak-anaku kelas ...lan ..sing tek tresnani.

Pudya pudyastuti katur marang Gusti Allah swt. Kang wus paring karahayon marang umate kabeh.

Siswa kelas telu sing dak tresnani, kang sadela maneh bakal ninggal pawiyatan iki. Abot sejatine bakal ngucalake kowe kabeh. Nanging pancen kahanan kudu mangkono datan bisa diselaki maneh.

Aku minangka wakil Bapak Ibu Guru ngaturake matur nuwun banget dene kowe kabeh bisa ngrampungake pasinaonmu ingk pawiyatan iki kanthi waktu kang trep karo jangkane pendidikan. Aku mingka wakiling Bapak/Ibu guru ora bisa menehi sangu kanggo putra-putriku, saliyane sangu kapinteran kang wus mbok gawa.

Ing saliyane iku aku asung pepeling marang sira kabeh. Nadyan ta wus metu pawiyatan iki, sira isih kaanggep putra, nadyan wus adoh saka pawiyatan aja nganti nggawe kuciwaning pawiyatan lan gawe lingseme pawiyatan, ala lan becike pawiyatan iki tsih gumantung marah sira kabeh.

Aku mung bisa paring dedonga muga-muga  kowe bisa nerusake ana ing paring dedonga muga-muga kowe bisa nerusake ana ing pawiyatan kang lewih duwur. Isa antuk prestasi kang bisa ngunggulake drajade pawiyatan iki.

Tak kira piwelingku tak cukupi semene bae, mbok menawa ana kurange saha tindak-tanduki Bapak/Ibu guru sing kurang mranani penggalihmu aku mingka wakil ing ngucap tansah njalukake pangapura lan aku pribadi semono uga yen ana kurange anggnku matur aku mawantu-wantu njaluk pangapura.

Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Perpisahan Siswa dari Kepala Sekolah Bahasa Jawa"

Post a Comment