Sambutan Pasrah Penganten Bahasa Jawa

Tanggap Wacana Atur Pasrahan Penganten
Assalamualaikum, we. wb .

Kawula nuwun. 
Para tamu Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Panjenenganipun BP....(besan), ingkang dahat kawula bekteni. Kulo meningka tinalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun BP. ...(ingkang mengku damel/ngraya) kekalih. 

Ingkang sepisan, BP....(ingkang ngraya) kekalih ngaturaken salam taklimipun kunjuk dumateng BP....kekalih. Kanti pemuji mugi-mugi Bp/ibu ...Yansah pinaringan berkah rahmating Pangeran suka Rahayu ingkang sami pinanggih. 

Kaping kalihipun Kulo ugi tinanggenah hamasrahken Sri pengantin Kakung ingkang peparep BP...ingkang Bade kadhaupakrn Rr...putraputtinipun BP. ...ingkang puniko BP...ingkang ngraya kekalih ugi ngaturaken putri sepengadek. Saged keaturaken peranganipun , contonipun sangsangan rinonce, kundala krincing kalpika ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang Sedaya kala way arupi beburoning wana).

Menggah Sedaya kala way keaturaken Kanti suka renaning pengalih, nadyan ya mboten ajinipun, Pramila sampun kaukur Kanti bobot lan bebeting barang, Mugi ta katimpa meningka talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun lajeng bebesanan. 

Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepok Aken Kalitan tata cara ijab sampun satata, kaparenga ijabing pengantin lajeng katindakna. 

Bp./ibu ...(besan) nderek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT. Mugi parinya berkah Pangestu wilujeng dhumatheng ijabing pengantin, sageda kasembadan Kanti wilujeng nir baya nir sangsaya sapanginggilipun, mboten wonten alangan Satunggal punipa sumrambah ing sedayanipun. 

Kula ingkang tinanggenah cara ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kulo dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah- arahan sadaya nyuwun samodraning pangaksama. 

Wasana bilahit taufik wal hidayah, 
Wassalam'alaikuk we. Wb.
Kulo nuwun, sumangga!

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Pasrah Penganten Bahasa Jawa"

Post a Comment