Sambutan Menerima Pasrahan Pengantin Bahasa Jawa

Sambutan Menerima Pasrahan Pengantin Bahasa Jawa

Atur Panampi Pasrahan

Assalamu'alikum wr. wb.
Kawula nuwun
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para dutaning besan ingkang dahat kinurmatan.
Saderengipun kulo nyuwun sih pangapunten ingkang agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngirangi tata trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang mekaten, kapeksa kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan.
Panjenenganipun Bp ....(asmanipun ingkang masrahaekn) kula minangka wakilipun Bp....sakaliyan ingkang wekdal punika mbiten kuwawi matur, amargi Bp....sarimbit nembe ngraosaken bombong ingk penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Langkung rumiyin, Bp....sarimbit ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Pangeran ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dateng Bp....sakaliyan, katitik ing wekdal punika Bp. ....sekaliyan saded ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan.

Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp...sekaliyan ngaturaken pambagyo rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampu kanti sugeng basuki mlarapaken sarat sarana pasrahan saking dalem dumugi ning wisma...punika.

Kaping tiganipun, sampun dipun tampi atur salam taklimipun Bp...sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp...(ingkang ngaturaken pasrahan). Semanten ugi Bp. ...sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun Bp.?Ibu....kanti pamuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning pangeran, cinelakna ingk suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana lan dhuhkitawara.

Kaping sekawan, Bp....sekaliyan neda nrima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp....sekaliyan kersa hangenthengaken bot karepotanipun Bp. ...ingkang punika kasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanti suka renaning manah. Mbok bilih sadayanipun sampun samekta ing damel sri temanten kekalih bade kadhaupaken.

Mawantu-wantu penyuwunipun Bp...sekaliyan mudi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanti sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanti mirunggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kudhunging pemanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wassalamu'alaikum wr.wb
Baca Juga Sambutan Menerima Pengantin
Nuwun

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Menerima Pasrahan Pengantin Bahasa Jawa"

Post a Comment