Sambutan Ikut Berbelasungkawa
Sambutan Ikut Berbelasungkawa
Assalamu’alaikum wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-Ibu para ta’jiyah ingkang
kinurmatan.
Innalillahi wa innaillaihi roji’un.
Nuwun!
Kulo minangka wakilipun para ta’jiyah,
nderek bela sungkawa, dhumateng ahli waris Bp…sagotran (sakaluarga), ingkang nembe
pikantuk pacobaning Gusti. Kanti kunduripun Bp…wonten ngayunaning Pangeran.
Salajengipun kulo nderek lan memuji
mugi-mugi rohipun almarhum/mah…angsala berkeh rohmating Pangeran, pinaringana
jembar kuburanipun, lepas paranipun, pinaringan pajar marganipun, dipun apunten
sadaya kelepatanipun, katampa amal kautamanipun, ketampia ing ngarsaing Gusti
Allah SWT. Dipun panakaken wonten ingk ngarsanipun Pangeran setimbang kaliyan
punka ingkang dados keutamenipun wonten inga lam babrayan.
Mugi-mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar
pinaringan manah ikhlas, rila lan narima ing takdir. Saha pinaringan sabar lan
tawakal, lan kekiyatan lahir dan batin anggenipun ngleksanani darmaning agesang
nampi punampa ingkag tinitahaken Pangeran. Manungsa naming titipanipun Pangeran
ingkang sawanci-wanci kapundut kita naming sadremi nglampahi, sumarah wonten
ngarsanipun.
Wasana mbok bilih rikala sugengipun nggadhahi
kalepatan dhateng para ta’jiyah. Kulo atas naming para ta’jiyah kanthi tulus
lan ikhlas nderek ndedonga mugi-mugi dosa lan kalepatan almarhum/almarhumah
saged pinarringan pangapunten sing Pangeran lumantar para ta’jiyah.
Kula kinten kirang wicaksana manawi
kathah-kathah anggen kula matur, Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kulo,
mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah
nyuwun agung ing pangaksami. Nuwun!
Wassalamu’alaikum wr.wb.
0 Response to "Sambutan Ikut Berbelasungkawa"
Post a Comment