Sambutan Bahasa Jawa Menerima Tamu Pengantin

Atur Pambagyo Wilujeng Dumateng Tamu Temanten

Assalamualaikum Wr. wb. 

Kulo nuwun 
Para pinisepuh kasepuhan ingkang setuhu dahat kulo bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang setuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha sih wilasaning Pangeran ingkang Maha welas lan Maha Asih. Saha Winantu sagunging, karahayon, kebgjan, kawilujengan mugi kasarira para tamu sedaya. 
Kaluo nuwun ! Kaperanga kulo sumela atur, nggempil kamndikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sekeco wawan pangandhikan. Kulo minangka talanging basa, kula matur mingangkani pamundutipun ingkang mengku gati. Ingkang sepindhah, Ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah ing Gusti ingkang adamel gesang dene hajatipun Bp....anggenipun gadhah dhamel ndaup aken putri ingkang peparap....sampun kalampahan daup kaliyan.........rikala dinten...........tanggal kaping..........wanci jam....wonten ing.....kanti wilujeng nir sambikala. 

Kaping kalihipun Bp/Ibu ..sabrayat kanti bebeg birawaning manah ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagyo wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi saperlu hanjenegi saha paring berkah pangestu wilujeng dumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen bapal Ibu ..ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak saderek, kadang kaeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para muda-mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila leganing manah paring pambiyantu lan panyumbung ingkang awujud punapa kemawon. 

Sarehning Bp/Ibu......mboten saged ngaturi piwales punapa-pinapa, sagedipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi-mugi angsala sih kautaman panjenengan sedaya saking ngarsanipun pangeran sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu

kaping tiganipun Bp/Ibu ....sagotrah nedo sih panarima penjengengan sadaya kersa paring berkah pangestu puja pangastuti mugi-mugi sri penganten sekaliyan sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sedaya. Sageda ngleksanani sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen rahayu widodo kalis ing sambekala. Tuwin enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dumateng Allah S.W.T sageda mikul duwur mendhem jero labuh labet dateng negari, lan bangsanipun murakapi dhateng bebrayan agung. 

Kaping sekawanipun mbok bilih wonten kiranging trapsila susila anggenipun ngacarani, bojokrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tammu, saha kirang maranani anggenipun mapanaken palenggahan, saha pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksami.
Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanti mirunggan suka mangung suka murakabi sadaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripurnaning pawiwahan punika. 

Mingangka panutuping atur, mbok bilih anngen kula ngaturaken tanggap wacana pambagyo wara punika khatah cicip cewet kuciwanipun, saha kurang trapsilaning anggen kula matur kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksama. 

Akhirulkalam, bilahit taufik wal hidayah

Wassalamu'alikum wr. Wb. 

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Bahasa Jawa Menerima Tamu Pengantin"

Post a Comment