Pantun Nasehat Bahasa Jawa

Pantun nasehat bahasa jawa

Nasehat adalah petuah yang disampaikan kepada kita manusia. Penyampaian nasehat dapat dilakukan melalui media pantuin. Pantun sebagai media dakwah sudah dilakukan sejak zaman walisongo.

Berikut beberapa pantun nasehat bahasa jawa :

Godong janur godong kelopo
ngetok gelugu nganggo geraji
poro sedulur kito sedoyo
bapak ibu ayo sregep ngaji
etan kali kulon kali
tengah-tengah ono wit salam
besuk mati saiki mati
sing becik mati netepi Islam
Magrib magrib ojo menyang sawah
lampu-lampu ndang sumetono
ijik urip ojo susah-susah
limang waktu ndang lakonono
manuk emprit manuk seriti
manuk doro nutuli sego
ijik urip sing ati ati
ojo podo nglakoni duso
manuk seriti menclok neng turi
manuk pelatuk menclok neng koro
yen ngaji manggon neng mburi
yen ngantuk ben gak ketoro
manuk seriti manuk pelatuk
manuk pelatuk mlebu nyang gowok
yen ngaji ojo ngantuk
yen ngantuk susure ceblok
------------------
mlaku-mlaku menyang alun alun
numpak sepur menyang stasiun
bapak ibu meniko pantun
kangge menghibur ati seng nglamun
etan gunung kulon gunung
tengah tengah ono segoro
ijik urip ojo bingung-bingung
printahe Allah ndang lakonono
zaman akhir bumine goyang
bumi goyang arane lindu
ayo kabeh sreegep sembahyang
ora sembahyang bakal den bendu
ngetok glugu cacahe siji
kanggo ngganti cagak seng amoh
bapak ibu ayo sregep ngaji
podho nglakoni printahe allah
kayu waru digraji graji
kayu nongko dienggo lemari
dasar ayu kok pinter ngaji
akeh joko seng arep ngrabi
kayu nongko digraji-graji
dienggo lawang karo lemari
dasar joko kok pinter ngaji
akeh prawan seng podo ngantri
-----------
Numpak sepur menyang madiun
Munggah grobak sing nomer papat
poro sedulur meniko pantun
Monggo disemak kanggo nasehat
wulan besar wulane haji
wulan maulud kelahiran Nabi
poro sederek ayo sreegep ngaji
nuntut ilmu sampek mati
godong temu digawe jamu
godong salam sedep gandane
golek ilmu hukume fardhu
rumrap wong Islam lanang wadonee
bantal kasur bantale guling
ditoto rapi ana jero kamar
poro sedulur ayo podo eling
nglakoni bagus ngedohi mungkar
damar cilik arane cublik
cimar gede benter murube
awit cilik tumindake becik
soyo gede bener lakune
sopo wonge nandur semongko
siramono supaya subur
sopo wonge laku duroko
bakal den sikso ono jero kubur
-----------
borobudur ono jawa tengah
gunung kelud ono jawa timur
poro sedulur ojo podo susah
meniko pantun kangge menghibur
menyang jombang tuku sarung
menyang malang tuku klambi
ojo bimbang lan ojo bingung
sholat sembahyang ndang dilakoni
nek menyang kuto budalo dewe
ojo lali nggowo duwite
ono dongyo iku ora suwee
ojo nganti ninggal sholate
numpak cikar digeret sapi
numpak dokar digeret jaran
amal mungkar ojo dilakoni
mergo melanggar perintah pangeran
pitik cilik nutuli sego
manuk doro nutuli gabah
amal becik ayo ditindakno
supoyo ora ono musibah
kapur barus wangi gandane
diusapno ono busono
wong kang bagus akeh kancane
wong kang olo akeh sing modho
------------
aote wong duwe sawah
sholate saj=k wayah-wayah
opo maneh yen mongso panen
sholate wis ora kopen
abote yen dadi supir
sholate ora kepikir
opo maneh buru penumpang
sholate degawe gampang
abote bakulan pasar
sholate anyasar-nyasar
opo maneh akeh sing tuku
sholate sak wektu wektu
abote dadi pemborong
sholate kedorong-dorong
opo maneh ngejar wekrune
solate sok ditinggalne
abote tukang parasi
sholat kurang diurusi
opo maneh akeh garapan
solate sok gendandapan
abote wong anak-anak
solate sok enak-enak
opo maneh anake nakal
solate gampang de tinggal

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Pantun Nasehat Bahasa Jawa"

Post a Comment