Sambutan Perpisahan Wakil Siswa Bahasa Jawa


Sambutan Perpisahan Wakil Siswa Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr. wb
Bapak kepala sekolah ingkang kula kurmati
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Puji-puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonteng in…, kangge ngawontenaken perpisahan.

Bapak/ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Mboten kintun kula pinangka wakilipun putra-putri siswa kelas enem/tiga..Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak/ibu guru anggenipun nggula wenthah dhumateng para siswa. Saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kelampahan sadangunipun…6/3 tahun, kanthi angsal sarat tanda belajar utawi ijazah.
Sedangunipun 6/3 tahun, kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan…, wonten ing panggula wenthahipun, ngantos wonten pertalian batin saengga karengkuh putra putri piyambak.
Bapak/Ibu guru tuwin adik-adik ingkang dahat kula tresnani. Sakedhap malih kula sarencang ninggalaken sekolah ingkah satuhu kula tresnani. Awrat anggen kula matur kados pundi awratipun ninggal Bpk/Ibu guru saha adik-adik. Jaragan kawontenan kaedah mekaten, Pramila kanthi awrating manah, kapeksa kula kaliyyan rencag-rencang nilaraken Bp.Ibu guru saha adik-adik kelas ….tuwin… Sanadyan ta sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih.
Pawiyatan ingkang sampun matahun-tahun sampun tansah cinaketan kaliyan kula. Kula sarencang rumaos cuwa ing penggalih, badhe ninggalaken pawiyatan punika. Kajarang kahanan saha kersaning Gusti. Panci wonten pepanggihan tamtu badhe wonten perpisahan. Menika kados sampun kinodrat mboten kening dipun ewahi malih.

Kula sarencang kelas tiga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sageda hasil anggenipun ngangsu kawruh wonten kelas ..tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dhumateng Bapak/Ibu.
Mboten Kantun ugi kula dalah rencang kelas …tansah mamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, Supados Bapak/Ibu Guru saha adik-adik angsal rohmating pangeran wilujeng boten wonten alangan satunggil punapa.
Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan punika kula Panjang wiaraken. Kula naming tansah nyuwun gungan puja pudyastuti Bp/Ibu guru saha adik-adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punika lan sageda angsal pawiyatan luhur kangge nganggsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil.  Ingkang mboten nerusaken sageda anggsal pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangertosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur saha sisip sembiring atur, kula pinangka wakil kelas…tansah nyuwun anguning panuwun ingkang tanpa upami.
Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.Nuwun!

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Perpisahan Wakil Siswa Bahasa Jawa"

Post a Comment