Sambutan Ikut Berbelasungkawa


Sambutan Ikut Berbelasungkawa
Assalamu’alaikum wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-Ibu para ta’jiyah ingkang kinurmatan.
Innalillahi wa innaillaihi roji’un.

Nuwun!
Kulo minangka wakilipun para ta’jiyah, nderek bela sungkawa, dhumateng ahli waris Bp…sagotran (sakaluarga), ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti. Kanti kunduripun Bp…wonten ngayunaning Pangeran.

Salajengipun kulo nderek lan memuji mugi-mugi rohipun almarhum/mah…angsala berkeh rohmating Pangeran, pinaringana jembar kuburanipun, lepas paranipun, pinaringan pajar marganipun, dipun apunten sadaya kelepatanipun, katampa amal kautamanipun, ketampia ing ngarsaing Gusti Allah SWT. Dipun panakaken wonten ingk ngarsanipun Pangeran setimbang kaliyan punka ingkang dados keutamenipun wonten inga lam babrayan.

Mugi-mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas, rila lan narima ing takdir. Saha pinaringan sabar lan tawakal, lan kekiyatan lahir dan batin anggenipun ngleksanani darmaning agesang nampi punampa ingkag tinitahaken Pangeran. Manungsa naming titipanipun Pangeran ingkang sawanci-wanci kapundut kita naming sadremi nglampahi, sumarah wonten ngarsanipun.

Wasana mbok bilih rikala sugengipun nggadhahi kalepatan dhateng para ta’jiyah. Kulo atas naming para ta’jiyah kanthi tulus lan ikhlas nderek ndedonga mugi-mugi dosa lan kalepatan almarhum/almarhumah saged pinarringan pangapunten sing Pangeran lumantar para ta’jiyah.

Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur, Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kulo, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah nyuwun agung ing pangaksami. Nuwun!
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Sambutan Ikut Berbelasungkawa"

Post a Comment